Social Icons

Pages

Featured Posts

Rabu, 08 Januari 2014

TEMBUNG ENTAR

Tembung Éntar yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan).Utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut uga ing basa Indonesia tembang silihan (kiasan). Ing basa walandané yaiku Figuurlijke betekenis
Tuladhané:
A
01. abang kupingé = nêsu bangêt
02. (ng)abangké kuping = gawé nêsu
03. abang abang lambé = ora têmênan, mung lêlamisan
04. abang rainê = nandhang isin (wirang)
05. adol ayu = ngêndêlake ayuné
06. adol bagús = ngêndêlaké bagusé
07. adol gawé = ngatonake pênggawéyané
08. adol kringêt = nyambut gawé
09. adol kwanèn = ngêndêlake kwanèné
10. adol krungon = golèk golèk warta/kabar
11. adol séndhé = adol barang mênyang gadhèn
12. adol umbag/umuk = akèh omongé, ning ora ana nyatané
13. adus getíh = tatuné nêmên bangêt
14. adus kringêt = nyambut gawé, abot bangêt
15. adus luh = nêmên anggoné nangís
16. akèh sandhungané = akèh alangané
17. ålå jênêngé = kurang dipêrcåyå
18. ålå kandhutané = ålå wataké
19. ålå tembungé = têmbungé kasar/saru
20. alus tembungé = kêpénak dirungokaké
21. åmbå jangkahé = bisa ikhtiyar mrana-mrana
22. apus kråmå = dibujuki/diapusi cara alus
23. asor budiné = bêbudèné ålå
24. asor yudané = kalah
25. ati dhóndhóng = atiné ålå
26. atiné ånå wuluné = atine ålå/dêngki
B
01. (m)balang liríng = nglirik mripat
02. bau suku = abdi/batur
03. bau têngên = wong kang dipercåyå
04. bêning atine = sumèh
05. (m)buang sangkal = ngilangi/mbuang apês
06. (m)bukak wadi = ngandhakaké wêwadiné
07. (m)buang tilas = nutupi tumindaké sing ålå
C
01. cagak lèk = camilan supaya bêtah mêlèk
02. cagak urip = kanggo nyukupi kêbutuhan uripé
03. cancut taliwåndå = tandang gawé
04. cangkêm gatêl = sênêng ngrasani/nggunêm
05. cêdhak umuré = gêlis mati
06. cêpak jodhone = gêlis olèh jodho
07. cêpak rêjêkiné = gampang olèh rêjêki
08. cilik atiné = kuwatir/wêdi
09. cupêt atiné = gampang nêsu
10. cupêt budiné = ora bisa nggayúh kautaman
11. cupêt jangkahé = ora biså golèk sarånå
12. cupêt nalaré = ora biså mikirake wêrna-wêrnå
13. cupêt pangandêlé = ora percåyå
D
01. dadi gawé = ngrépotaké
02. dåwå-dåwå ujå = perkårå kang ora uwís uwís
03. dåwå tangane = sênêng nyólóng jupúk
04. (n)dhêdhêr kautaman = nandur kêbêcikan
05. dhuwúr atiné = gumêdhé
06. dhuwúr pangkaté = dadi wóng pangkat/panguwasané
E
01. êmpuk rêmbugé = gunêmé énak dirungokaké
02. êntèk atiné = kêwêdèn/kuwatir bangêt
03. ènthèng sanggané = ora rêkåså
04. ènthèng tangané = sênêng tandang gawé
G
01. (ng)gadho ati = gawé susah ati
02. gantung kêpuh = sandhangané ora tau ganti
03. (ng)gantung untu = sêlak kêpingin mangan
04. gêdhé atinée = tatag; ora kuwatir
05. gêdhé êndasé = sómbóng (kêmlungkung)
06. gêdhé ómónge = umúk ora ånå nyatané
07. gêdhée tékadé = ora gampang pasrah
08. (ng)gêdhèkaké pulúk = ora ånå prihatiné
09. (ng)gêgêm tangan = kêsèd nyambut gawé
10. gilig rêmbugé = rêmbugane pasti/mêsti
11. gilig tekadé = tékadé ora bakal mundúr
12. (ng)gilud kawrúh = golèk ilmu kanthi mêmpêng
13. golèk slamêt = ati-ati supaya, ora cilåkå
14. golèk uríp = nyambut gawé nggo nyukupi butuhé
I
01. idu gêni = omongan tansah kêlakon
02. ilat mati = ora bisa ngrasakaké
03. ilang klilipé = ilang mungsuhé
J
01. jåkålårå = rikålå nóm-é rêkåså
02. jêmbar dhadhané = sugíh pangapurå; sabar bangêt
03. jêmbar kawruhé = akèh ngilmuné
04. jêmbar kuburé = mlêbu swarga
05. jêmbar polatané = sumringah
06. jêmbar sêgarané = sugih pangapura; sabar
07. jêro kawruhé = akèh ngilmuné; pintêr

K
01. kådålu warså = kasèp; wis kliwat
02. kandel kulité = digdåyå; sêkti
03. kandel kupingé = ora nggugu pitutúr
04. kaku atiné = tansah ora sarujuk/sulåyå
05. kasar têmbungé = têmbung saru
06. katon dhadhané = wani adu arêp
07. kêgugah atiné = sadar/élíng
08 kêlèpètan ålå = katut ålå
09. kêmbang lambé = tansah digunêm kêbêcikané
10. kakèhan tangan = kakèhan sing nyandhak
11. kêmbang uríp = lêlakone wong urip wêrna-wêrna
12. kêna tinênga-tênga = kêna disambati
13. kêncêng karêpé = kêkarêpane kudu kêturutan
14. kêncêng tékadé = tékadé ora bakal mundúr
15. kulak wartå = golèk kabar/wartå
16. kuwat drajat = cocok dadi pêmimpin/panguwåså
17. kuwat isín = mblêbês ora isinan
18. kuwat mangan = mangané akèh
L
01. lambé tipís = criwis/akèh omongé
02. landhêp dhêngkul = kêthul bangêt
03. landhêp pikirané = pintêr bangêt; gampang ngêrti
04. lårå ati = sêrík atiné
05. lårå ayu = lårå cacar
06. lårå owah = édan; gêndhêng
07. larang pangan = pacêklík
08. lóbók atiné = sabar
09. luhúr budiné = kêlakuane bêcík/apík
10. luhúr drajaté = dadi wong pangkat/panguwåså
11. lurús lakune = jujúr
12. lumah tangan = ora gêlêm cawé-cawé
13. lunyu ilaté = gunêmé méncla-ménclé
M
01. manís èsêmé = èsêm ngrêsêpakaké ati
02. manís rêmbugé = guneme nyênêngaké ati
03. mårå tangan = sênêng gawé lårå/milårå
04. måså bodhoå = pasrah
05. måtå dhuwitan = srakah marang dhuwít
06. måtå loro = mangro tingal
07. matèni pangané = gawé ilang panguripané
08. matêng kawruhé = mumpuni; kawruhé wis tutúg
09. matêng rêmbugé = gunêmé wís disarujuki
10. mati sandhang pangané = ilang dalané golèk panguripané
11. mati rågå = prihatin; tåpå, tirakat
12. mêdhót dalan = ora ditêrusaké
13. métani luputé = nggolèki salahé
14. mêrês kringêt = nyambut gawé mêmpêng
15. mêrês pikír = têmênan anggone mikiraké
16. mogèl ilaté = mangan sing sarwa énak
17. mógól sinauné = ora tutúg sêkolahé
18. murang tåtå = kurang ajar, ora duwé dugå
N
01. nandhang sungkåwå = lagi susah
02. nandur kêbêcikan = gawé kêbêcikan
03. ngadu wulêding kulít = adu kêkuwatan
04. ngangsu kawrúh = golèk ngèlmu/mêguru/sekolah
05. ngatonaké siyungé = nuduhake kêkuwatané/ kuwanèné
06. ngatonake dhadhané = umúk, sumbar
07. ngêkêp dhêngkul = nganggur ora nyambut gawé
08. ngêndhalèni håwå napsu = nyêgah kêkarêpan ålå
09. ngêpuh kringêt = nyambut gawé mêmpêng
09. ngêmut driji = ora oleh åpå-åpå
10. nyolok måtå = kêtårå banget
O
01. olèh ati = disênêngi
02. olèh gawé = kalêksanan
03. olèh wirang = kisinan
04. olèh lårå = kalaran
05. ora duwé ati = kuwatir bangêt, wêedi
06. ora mêlèk = ora ngêrti
07. ora ngundhuh = ora oleh åpå-åpå
P
01. padhang dalan = mlêbu swargå
02. padhang håwå = lair ing donyå
03. padhang langité = sênêng
04. padhang pikiré = lêga sênêng
05. padhang ulaté = sumèh
06. pait gêtiré uríp = warnå-warnå lêlakoné wong uríp
07. paít lêlakoné = uríp rêkåså
08. panas atiné = nêsu bangêt
09. pêcah pamóré = wís ngancík diwåså
10. pêcah pikír = wiwít biså golèk srånå
11. pêdhês rêmbugé = gunêmé gawé sêrík
12. pêrih atiné = susah bangêt
13. pêtêng atiné/pikiré = susah
14. pinggêt atiné = sêrik
15. pulíh gêtihe = pak-puk, ora kalah ora mênang
16. puput yuswå = mati, sédå
R
01. rai gêdhèg = ora duwé isín
02. (ng)rênggå pråjå = njågå negårå
03. (ng)renggå salirå = dandan/macak
04. runtúh atiné = tuwúh wêlasé
05. rupak atiné = cugêtan/ora gampang ngapurå
06. rupak jagadé = judhêg; ora bisa mrånå-mrånå
S
01. sabuk gêlang = sawahé akèh bangêt
02. sêpi kawruh = bodho/ora duwé ilmu
03. sêpi pamríh = ora duwe pamríh
04. sêrêt rêjêkiné = ora gampang golèk rêjêki
05. sêsak dhadhané = mangkêl/anyêl
06. sumpêg atiné = susah/sêdih
T
01. tadhah kålåmångså = dipangan
02. tadhah udan = lirangan gêdhang síng dhuwúr dhéwé
03. tatu atiné = sêrík bangêt
04. tanpa tilas = êntèk blas
05. tipís lambéné = criwis, sênêng nggunêm wóng liyå
06. thukúl pikiré = nduwé akal
07. thukúl turuné = nduwé anak
U
01. udan tangis = akèh síng pådhå nangisi
02. ulat pêtêng = katon nêsu
03. ulat manís = sumèh
04. utang lårå = tau nggawé laran wóng liyå
05. utang nyåwå = tau nggawe patine wóng liyå
06. utang pati = tau nggawe patiné wóng liyå
07. utang wirang = tau nggawe wirangé wóng liyå
W
01. walang ati = sumêlang/kuwatír
02. wani mati = nékad/kêndêl bangêt
03. wani silit wêdi rai = ora wani têrang-têrangan
04. wêtêng kadit = drêmba/ora tampikan
05. wêtêeng karèt = panganané akèh
06. wêdi gêtíh = jiríh/ora wani

07. wêdi kangèlan = lumuh/kêsèd

DOSA LAN PANGAPURA

Dosa Lan Pangapura
DOSA iku sakabehing tumindak lan pamikir kang cengkah karo angger-angger, utamane angger-anggering agama. Tindak kriminal kayadene nyolong, korupsi, milara wong liya, iku uga kalebu dosa. Sakabehing tindak kang ora becik: gawe sengsarane wong liya, ngrekasakake wong liya, gawe susah lan nglarakake atine wong liya, iku klebu dosa.
Keh-kehane dosa sing ora arupa pelanggaran hukum, ora dadi urusane hukum. Selingkuh, ngenyek utawa nyepelekake wong liya, ngrasani alane wong liya, kawi asring ora dadi urusane hukum. Dosa kang arupa tindak kriminal iku klebu dosa kang gedhe sing satemene sanksine ora mung awujud sanksi hukum,ananging uga sanksi karohanen.
Narapidana wis nindakake paukumane lan wis metu saka pakunjaran, durung mesthi sing resik utawa kalis saka dosa-dosane. Sanksi agama iku ora mung ditampa ana donya, nanging uga ana akhirat, manungsa percaya menawa sakabehing tidak ala iku senajan ora konangan utawa kasumurupan wong liya, mesthi ana undhuh-undhuhane. Sapa sing nandur bakal ngunduh.
Ana tetembungan: Gusti Allah iku ora sare, dadi tumindak lan osiking pikire manungsa iku tansah kapirsan. Dadi sanajan ora kena sanksi hukum, sakabehing tumindak iku ana akibate. Mula ana unen-unen: ngunduh wohing pakarti. Sakabehing pakarti ala lan becik iku ana undhuh-unduhane, bisa ana donya, bisa ana akhirat, bisa uga ditamapa atawa disandang dening anak putune.
Nanging kapercayan ngano mau ana sing nganggep mung kayadene mitos, mula ya akeh sing padha ara percaya. Tindak culika ya banjur ngambra-ambra, perkara, ukuman ana ndonya lan ana akhirat wis ora digubris.
Gusti Allah iku Maha Pengampun, mulane yen manungsa wis ngakoni sakabehing dosa lan kaluputane sarta wis mertobat ora bakal gawe dosa maneh, mesthine ya pinaringan pangapura. Pangapura saka lembaga yudikatif awujud pembebasan saka lapas, sawise nglakoni paukuaman lan mbayar dendha kaya kang kasebutake ing vonise hakim.
Yen dosa mau magepokan karo sesambungan ing antarane wong siji lan sijine, pangapura iku kudu kawenehake kanthi eklas de¨ning wong sing ketaman tindak kang era becik mau. Gusti Allah ora kersa paring pangapura menawa wong sing ketaman mau durung aweh pangapura. Mula wong sing rumangsa wis tumindak era becik kudu ngakoni kaluputane lan wani njaluk pangapura. Yen wis oleh pangapura, sesambungan ing antarane sing tumindak luput lan sing ketaman wis bali resik maneh.
Apura-ingapura iku perlu murih hubungan silaturahmi ing antaraning warga masyarakat tansah becik. Njaluk pangapura lan aweh pangapura iku perlu dikantheni kesadharan lan ketulusan. Kanthi mangkono, apura-ingapura iku ora mung dhapur “upacara”, nanging uga bisa kanggo nglatih kadiwasaning batin lan gawe salaras utawa harmonising masyarakat, satemah bisa nyambut gawe bebarengan kanthi becik.

(Dening Soedjarwo/CN27)

BUDI PEKERTI, PENGANGEN-ANGEN LAN KASUNYATAN




BUDI pekerti saiki mulai dadi wacana ing masyarakat, akeh kang padha beda pangerten anggone nanggepi masalah budi pekerti, tapi iku mau dadi becike amarga saiki perkara budi pekerti wis mulai dadi kebutuhan urip masyarakat kudu diajarake marang putra-putrane supaya besuke gedhene dadi uwong kang bisa ngajeni marang wong tuwane lan masyarakat sekitare.
Saiki angger ana bocah nakal, bocah sekolah padha gelut, tumindak kriminal, lan sapanunggalane, menawa ana kedadeyan sing kaya iki trus sing dituding jare sekolah sing anggone nggulawenthah ora becus dadine bocah iku padha nakal, padahal tanggung jawab babagan pendidikan iku tanggung jawabe wong tuwa, sekolah, lan masyarakat.
Budi pekerti iki babagan kang kudu dicerna nganti permati amarga kapan maneh, menawa ora saiki mulai dipikirake babagan kasebut, budi pekerti iku hubungan langsung karo babagan tumindak, solah bawa, pangucapan. Pendidikan budi pekerti mbutuhake keteladanan kanthi tumindak kang becik, tumprap sapa bae kang arep menehi pendidikan budi pekerti. Budi pekerti seliyane kanthi cara menehi keteladanan uga kebiasaane urip sedina-dinane kanthi urip nganggo perilaku sing apik kanthi cara latihan sing makaping-kaping.
Miturut buku Pedoman Penanaman Budi Pekerti Luhur (Balai Pustaka, 1997), ana 56 sikap budi pekerti luhur, yaiku antarane kerja keras, wani mikul resiko, disiplin, keimanan, atine lembut, akeh inisiatif, pikirane jembar lan maju, sederhana, semangat, duweni sikap konstruktif, duweni rasa syukur, tanggung jawab, tenggang rasa, bijaksana, cerdik, cermat, dinamis, efisien, gigih, hemat, jujur, duweni kemauan keras, kreatif, kukuh hati, lan sapanunggalane, iki kabeh sing dadi intine pendidikan budi pekerti. Budi pekerti ora bisa langsung tertanam ana ati trus dileksanakake tumprap panguripan sedina-sedinane, tapi bertahap dilakoni kanthi latihan, dibiasakake kanthi solah bawa, tutur pangucapan, lan polatan kang ngandhung nilai-nilai budi pekerti.
Pendidikan
Salah sijine cara kanggo nanam budi pekerti yaiku melalui pendidikan neng sekolah, pendidikan budi pekerti iki bisa didadekake mata pelajaran dhewe utawa diintegrasikan mlebu menyang materi pelajaran, kari kepiye pelaksanaane, yen diintegrasikan gurune bisa gabungake nilai-nilai budi pekerti disisipake ana materi pelajaran, yen dadi pelajaran dhewe kudu ana gurune dhewe sing mulang masalah budi pekerti, loro-lorone padha apike. Sing penting, kanthi niyat sing becik kanggo nyiapake generasi sing arep teka sing meliki budi pekerti kang luhur.
Saiki penanaman budi pekerti ing sekolah bisa nganthi cara kegiatan permainan/dolanan, tembang, tari, diskusi sing isine penjabarane babagan budi pekerti trus saben dinane sekolah kudu gatekake marang perkembangan pelaksanaan pendidikan iku marang siswa-siswine dadine saben perubahan tingkah polahe bisa ditlusur nganti premati supayane kasil, perubahan iki ora bisa diukur nganti nilai sing awujud angka-angka, tapi nitikberatake marang conto-conto jelas lan becik. Guru sing dadi sentral kudu bisa dadi tauladhan kanggo siswa-siswine, pancen ya bisa digalih yen guru iku sosok sing kudu digugu lan ditiru, nganti paribasan iku sakjane berat banget bebane guru. Sentral guru kudu bisa digugu lan ditiru, awit aneng sekolah lan luar sekolah supayane bisa dadi conto, kanthi adhedhasar keyakinan, tumindak sing bener lan pener anggone mbimbing siswane, sebagai pendidik sing dadi personifikasi nilai-nilai kabecikan sing arep ditanemake, kanthi nyuplik ajarane Ki Hajar Dewantara yaiku ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani, sing didadekake dasar anggone menanamkan budi pekerti marang siswa-siswinye. Yaiku yen ning ngarep kudu dadi tuladha kanthi tindak-tanduk kang luhur, sopan santun tepa selira, lan menghargai wong liyan, tumindak iku sing didadekake conto, yen ing tengah kudu maringi pitutur atau petunjuk, supayane siswa-siswine bisa nindakake apa kang dadi piwulang babagan budi pekerti luhur iku, yen ing buri kudu dorong atau motivasi supayane pada gumregah anindakake tindak-tanduk berbudi luhur sesuai karo ajarane piwulang babagan budi pekerti mau. Ananging saja disalahaken angger nganti ana bocah/siswa/siswi sing jur nakal, sebab kenakalan utawa sethithike budi pekerti sing tertanam iku disebabake maring perkara sing werna-werna. Kadhang akeh kekeliruan sing muncul ing masyarakat yaiku kelemahan sing saklawase iki dirasakake akeh wong sing mung ngandhalake informasi/penjelasan thok babagan budi pekerti dadi sifate mung verbalisme tanpa diikuti karo tindakan sing nyata apa sing diinformasiaken iku, dadi angger wong Jawa jare “bisane mung jarkoni” artine bisa ngajar ora bisa nglakoni.
Kabecikan
Nang babagan pendidikan budi pekerti perlu diterangake apa sing kudu dilakoni/ditindakake babagan kabecikan, kedisiplinan, kemasyarakatan, lan panunggalane trus apa manfaate kanggo awake dhewe lan masyarakat. Kabeh iki ora bisa langsung bisa dideleng asile tapi kudu dilatih/leksanakake secara bertahap, terus-menerus, kanthi adi kebiasaan sedina-dinane sing bisa dirasakake manfaate.
Sing lewih penting siswa/siswi wektune aben dinane sing akeh dientekake eneng ngomah, mula penanaman budi pekerti aja mung ditumplek blek dadi tanggung jawabe sekolah thok tapi keluarga kudu melu, justru neng omah iki bocah awale mengenal pendidikan saka wong tuwane, awit cilik bocah kudu mulai diajari/ditanamke nilai-nilai budi pekerti sing apik, trus wong tuwane kudu dadi tuladhane tumprap putra-putrine neng omah kanthi diajari unggah-ungguh, sopan santun, tepa selira, lan ngormati liyan kanthi cara sing sabar lan premati banget marang aben ana perubahan tingkah polah, tindak tanduk putra-putrine supayane dadi wong sing pinunjul sarta berbudi pekerti luhur.
Ing lingkungan masyarakat iki uga bisa bentuk pribadine bocah, mula masyarakat uga duweni kewajiban melu nanamke nilai budi pekerti tumprap pergaulan ing masyarakat kanthi conto-conto tumindake kang becik para tokoh masyarakat sing padha dadi paugeran masyarakat.
Kanyatane pendidikan budi pekerti supaya bisa tertanam neng anak didik kita, iku dudu barang sing gampang tapi perlu disikapi lan perlu dipremati kanthi serius, mulai saka ngomah yaiku pendidikan saka wong tuwane, ning sekolah saka guru-gurune, lan ing masyarakat yaiku para tokoh masyarakat, saengga sing dadi pengangen-angen yaiku masyarakat kang berbudi luhur bisa dadi kasunyatan ing masyarakat.
(Aziz Purwanto/35)

Jumat, 27 Desember 2013

Bathara Dharma
Miturut serat Mahabarata, Bathara Dharma iku putrane Sanghyang Atri utawa wayahe Bathara Dharma, garwane ana sepuluh, garwane kuwi kabehe putra putrine Sanghyang Daksa. Dene asmane yaiku, Dewi Kitri; Dewi Laksmi; Dewi Areti; Dewi Mada; Dewi Pusthi; Dewi Srada; Dewi Kriya; Dewi Budi; Dewi Lajja lan Dewi Matini. Para putrane Bathara Dharma sing saka sepuluh garwane iku ora tau kocap. Dene Yudhisthira kuwi salugune putrane Bathara Dharma. Nalika Dewi Kunthi matak mantran aji Adityahredaya awit wus antuk palilahe Prabu Pandhu, Sang Dewi mangesthi Bathara Dharma jalaran kepengin kagungan putra bagus alus, sabar sarta luhur budi paramarta. Mula bareng Bathara Dharma keteman aji Adityahredaya, banjur tedhak ing marcapada sapatemon karo Dewi Kunthi, satemah Sang Dewi nuli prasaja sejatining sedya, tinurutan dening Bathara Dharma kanthi rekaning werdaya, nora watara suwe Sang Dewi nggarbini, banjur ambabar putra ingkang diparingi asma Yudhistira Dwijakangka.
Raden Yamawidura putrane Sang Maharsi Wiyasa kang mijil saka waita darah sudra, iku panjanmane Bathara Dharma. Sababe Bathara Dharma manjanma ing marcapada dadi Widura amarga kena sot kang ngendikakake dening para resi kang padha mrinani Begawan Animandawya. Ngene iki ceritane. Nalika Begawan Animandawya nglakoni monabrata. Ing sawijing dina, anamaling nggawa oleh-olehane nyolong mlebu ing padhepokane Begawan Animandawya. Ora suwe wadya balane Sang Prabu kang nglacak mlayune maling mau teka ing ngarsane Begawan Animandawya, nyuwun pirsa marang Sang Begawan, menyang ngendi mlayune maling. Sang Begawan ora mengsuli amargi lagi nglakoni tapa mbisu. Wadya balane Sang Prabu kang nglacak mlayune maling lajeng mlebu ing padhepokan Begawan Animandawya , niti sang Begawan. Maling dikisep lan dibanda lan maling mau ditibani ukum kisas (ukum mati).
Begawan Animandawya kena ing dakwa bantu durjana, Sang Begawan dicekel diaturake marang Sang Prabu, diadili. Putusaning pengadilan Begawan Animandawya ditubani ukuman sarana ditancebi lembing silite (lembing=sebangsa tombak). Amarga saka gedhing tapa bratane, sandyan dubure ditancebi lembing nganti jero, Sang Begawan ora bisa seda. Kocapa para Resi mitrane Begawan Animandawya kang miyarsani warta yen Sang Begawan nampa paukuman kang abot banget, enggal-enggal padha niliki lan nakokake sababe, dene nganti nampa paukum kang kaya ngono. Sang Bagawan jelasake sebabe, paukum kuwi ditampa jalaran ora preduli marang maling kang mlebu marang padhepokane lan ora mangsuli pitakonane wadyabala Sang Begawan, para Resi nili nemoni Sang Prabu, sarta kabeh ngendikane Begawan Animandaeya diaturake marang Sang Prabu, wasana Sang Prabu utusan wadya ngluwari Sang Begawan. Nanging lembing sing wis sawetara dina tumanceb ing dubure Sang Begawan mau ora kena didudut, wusana banjur ditugel, dadi Sang Begawan durung bisa luwar saka panandhang.
Para Resi banjur matek mantra Papasanghara, wasana pucuking lembing kang isih ana ing jero  salirane Sang Begawan Animandawya banjur bisa metu liwat embun-embunane. Sawise Begawan Animandawya luwar saka panandhang, para Resi banjur munggah maring KahyanganSuralaya sowan Bathara Dharma. Bathara Dharma ngendika yen dheweke ora kasamaran dhateng tindakipun para titah ageng alit ing marcapada nalika taksih alit, Sang Begawan Animandawya asring dolanan kinjeng sarana dipunsunduk silitipun. Kula punika Dewaning Adil, wajib rumeksa “Hukum Karma” supados tumindak ingkang samesthinipun. Begawan Animandawya ngalami panandhang dipuncubles lembing silitipun, jalaran ngunduh wohing pakarti saking pandamelipun nalika taksih alit. Dados Sang Prabu namung minangka lantaran tumindaking ukuman, bab pepesthening panandhang kula ingkang miturut “Hukum Karma”.
Para Resi matur yen miturut wewarah suci, lare ali ingkang umuripun kirang saking sadasa taun, manawi tumindak lepat dereng kenging dipunpratapi paukuman, sabab lare dereng diwasa punika dereng saged bedakaken awon sae lan leres lepat. Dados paduka punika dhawuhi paukuman dhateng titah ingkang pancen noten samesthinipun dipunpratapi ukuman “Hukum Karma” punika boten namung kangge para titah nanging ugi tumrap para Dewi. Paduka inggih kedah ngunduh wohing pandamel paduka. Amargi paduka atindak lepat, dhawahi paukuman dhateng titah ingkang boten sakmesthinipun kedah dipunpratapi paukuman, paduka badhe manjanma ing marcapada dados tiyang pincang, lair saking guwa garbanipun wanita darah sudra.Ya amarga  saka sot kang diucapake dening para Resi iku kang jalari Bathara Dharma manjanma ing madyapada dadi Widura, miyos saka garwane Resi Wiyasa (wanita darah sudra).

Cerita Wayang

Bambang Kartanadi
Jenenge Bambang Kartanadi, putrane Begawan Jumanten, salah siji Pandhita ing pretapan Ancalagadhing. Nadyan bocah gunung, nanging pinardi ing kawruh kebatinan, kasekten lan ulah kridhaning prang. Mulane yen ana bot repoting wong tuwa bisa asung pitulungan. Ing Negara Ngalengka, Prabu Dasamuka nuju siniwaka, mung diadhep abdi kinasih kang aran Yaksamuka. Prabu Dasamuka  arsa nglamar Dewi Citranglangeni, atmajane narendra ing Tunjungpura, Prabu Citrawirya. Sang putri saguh dadi garwane Prabu Dasamuka, yen bisa ngleksanani (mujudake) mustakane Pandhita sewu. Mulane banjur utusan karo abdi kinasih Ditya Yaksamuka, supaya ngupaya mustaka Pandhita sewu. Yaksamuka sigra manjung jroning alas, nedya nekani para Pandhita ing wewengkon alas Dhandhaka, kang bakal diujug pretapane Begawan jumanten ing Ancalagadhing.
Kacarita Raden Arjunawijaya putrane Prabu Kartawirya, ing sarehne wis diwasa didhawuhi palakrama dening ingkang Rama ora kersa. Mulane banjur ditundhung. Arjunawijaya oncad saka praja  , ngumbara. Wusana banjur mertapa ana ing guwa Ringin Putih. Amarga saka genturing kasutapaning Arjunawijaya, manawa ana makhluk kang liwat sadhuwure guwa Ringin Putih, mesthi tiba lan kapidhara. Yaksamuda kang dioyak dening Bambang Kartanadi, bareng abure tekan ing sadhuwure guwa Ringin Putih, dumadakan mak gabrug. Yaksamuka tiba kapidhara ana sangareping lawang guwa. Gumebruging tibane Yaksamuka gawe kejoting panggalihe Rajaputra Arjunawijaya. Sawuse  eling purwa duksina, Yaksamuka banjur nyembah lan suwita ana ngarsane Arjunawijaya. Let sakedhep netra, mak jleb, Bambang Kartanadi tumurun saka gegana, ngadeg ana sangarsane Prabu Arjunawijaya. Kanthi patrap kang banget susila anoraga, Bambang Kartanadi nyuwun kersa Sang Arjunawijaya masrahake Yaksamuka marang dheweke. Amarga Arjunawijaya ora kersa maringake, jalari regejegan kang banjur dadi peperangan. Wusana Kartanadi kasoran, banjur suwita marang Arjuna. Amarga padhadene suwita marang Arjunawijaya, Bambang Kartanadi kepeksa urip rukun lan nyambut gawe bebarengan karo Yaksamuka, senajan ing batin banget pangigit-igite. Amarga midhanget saka ature Yaksamuka, Sang Arjunawijaya mangerti endahing warnane Dewi Citranglangeni. Awit saka iku, Sang Arjunawijaya banjur tindak menyang Praja Tunjungpura nedya nglamar Dewi, didherekake Yaksamuka karo Bambang Kartanadi. Ana ing Negara Tunjungpura, tuwuh mane pangigit-igite Sang Bmbang Kartanadi marang Yaksamuka. Tanpa diwuningani Sang Arjunawijaya, Yaksamuka pinrawasa, diperung kupinge, banjur dikon mulih menyang Ngalengka. Kanthi kutah ludira, Yaksamuka mulih menyang Ngalengka, marak Prabu Dasamuka. Wusanane Dasamuka diprajaya dening Prabune dhewe, amarga diutus ora bisa oleh gawe.

Panglamare Sang Arjunawijaya marang Dewi Citranglangeni ditampa kanthi becik dening Sang Dewi sarta Prabu Citrawirya. Dhaupe ana ing kedhaton Tunjungpura, kinurmatan dening para tamu maewu-ewu, ingayu bagya dening para Ratu, binerkahan dening para Brahmana. Let sawatara dina sawise diwiwaha, Sang Arjunawiwaha kondur menyang Maespati boyong Dewi Citranglangeni, diderekake Bambang Kartanadi sarta wadya Tunjungpura sabregada. Saprapatane ing kedhton Maespati, Sang Arjunawijaya dijumenengake Ratu gumanti keprabone ingkang Rama, sing dijuluki Prabu Arjunawijaya, ya Prabu Arjunasasrabahu. Durung sepira lawase, sang Bathara Narada rawuh ing kedhaton Maespati. Ngadhawuh yen Dewi Citrawati (Ratu ing Magada) saiki wus diwasa. Amarga endahing warnane, akeh banget Ratu manca Praja kang padha ngayunake marang Dewi citrawati, nanging nora ana kang ditamp becik panglamare dening Sang Dewi. Para Ratu kang ditampik dening Dewi Citrawati wis padha nrima.    

Cerkak

K
enalke, aku Tania. Aku duwe sahabat 3. Jenenge Bagas, Ratna, lan Bayu. Aku kancanan karo bocah 3 kuwi saka aku mlebu SMA nganti saiki aku kuliah semester 6. Bagas kuwi wonge cool, pinter, wis pokoke sempurna. Lanjute Ratna. Ratna bocahe meneng, ayu kaya aku haha.. Lah iki sing terakhir, Bayu. Bayu kuwi wonge selain pinter, ngganteng, uga wonge rendah hati lan seneng mbantu sesama. Bayu asring nggelar acara amal kanggo yatim piatu, anak jalanan, lan liya-liyane. Iki sing nggawe Bayu istimewa. Ora salah yen Bayu kuwi disenengi wong akeh, dheweke emang wong “duwe” nanging Bayu ora tau ngetokake kuwi.
Sawijining dina aku ketemu Bayu lan ngobrol bareng ana gazebo kampus, “Bay, apa kowe arep nganakake acara amal meneh?”
“Ya mesthi, nanging aku durung ngerti kapan, ijek takrencanaake, Tan.”
“Ooh, ngana ta. Misale wis pasti wektune, aku diwenehi ngerti ya, Bay.”
“Lho? Ana apa ta, Tan. Kok kowe tiba-tiba ngomong ngana kuwi?”
“Iya, rencanane kaluwargaku arep nyumbang ning acara amal kuwi, Bay.”
“Oke sip, Tan. Mengko takwenehi ngerti yen aku wis nemu wektu sing pas.”
“Ok Bay. Yawis, taktinggal sek yaa.”
“Iya Tan, ngati-ati yaaa.”
“Iya Bayuuuu.”
Sawise kuwi, ubunganku karo Bayu saya raket, malah ana sing ngira aku pacaRat karo dheweke. Apa meneh aku uga melu-melu aktif ning kegiatan amale Bayu. Jan-jane ubunganku ya wis cedhak banget karo dheweke. Lah bayangna wae kancanan saka mlebu SMA tekan saiki, sapa sing ora kenal lan kesengsem karo Bayu. Akeh tenan kanca-kanca sing seneng karo dheweke, nanging ya kuwi, Bayu jare arep fokus karo kuliahe lan luwih milih dadi kanca wae.
Let rong dina, Bayu ngabari aku yen dheweke wis nemu wektu sing pas kanggo nganakake acara amal kuwi. Aku ya wis nyiapake apa-apa wae sing arep daksumbangke. Ora lali aku ngabari Bagas lan Ratna supaya melu ning acara kuwi.
Dina sing dienten-enten akhire teka. Dina kuwi krasa mligi banget merga jebul Bayu nganakake acara amal ning panti asuhan kanggo bocah sing duwe kebutuan kusus kasare bocah autis. Ana kana, Ratna karo Bagus malah nembang karo bocah-bocah kuwi. Katon seneng banget bocah-bocah ana kana, malah ana salah siji bocah sing joget-joget marai swasana dadi tambah rame. Bayu katon sumringah ndelok acaRate rame, utamane ndelok bocah-bocah kuwi. Ana rasa seneng, ana uga rasa ngenes. Senenge merga bisa gawe bocah-bocah ana kana   ngguyu kaya bocah normal liyane, ngenese merga bocah-bocah ning kana kaya terasingkan saka dunia jaba. Nanging iku sing gawe bocah-bocah kuwi luwih dimligekake
“Lho? Tan, kok katon sedhih ta?”
“Ora sedhih kok, Bay. Nanging aku ngarasa bangga neng bocah-bocah kuwi. Mligi banget bocah-bocah kuwi, Bay. Kaya ora ana beban, ora ana sing beda saka dheweke.”
“Iya pancen, Tan. Aku sengaja ngajak kowe, Bagas, lan Ratna mrene supaya kita luwih bersyukur diwenehi urip sing sempurna, ora duwe kebutuan kusus kaya bocah-bocah iki.”
“Iya, Bay. Aku sarujuk karo kowe,” jawab Bagas.
“Saka acara amal sing sadurunge, iki sing paling berkesan ya, Bay, Gas, Tan,” imbuh Ratna.
“Iya bener kuwi omongane Ratna,” jawab Bayu.
“Wis-wis kok malah melow kayak ngene ta. Wis, ayo dhewe seneng-seneng wae karo adhik-adhik neng kene, mung iki singbisa dhewe wenehi maRatg adhik-adhik lan gawe adhik-adhik seneng,” Bagas nyelani omongne Ratna lan Bayu.
“Iya, ayok cah. Lanjutke meneh acarane, sedhela meneh dhewe kudu bali ben adhik-adhik bisa istirahat,” jare Bayu.
“Iya, ayok,” jawab aku lan Tania.
Sarampunge acara amal kuwi, kaya biasane aku balik bareng kanca-kancaku nganggo mobile Bayu lan diterke tekan umahe dhewe-dhewe.
*Esuk-esuk hapeku wis moni, jebul Ratna sing nelpon.
“Halo... Ana apa Rat, ko tumben telpon aku jam semene iki?”
“Haha.. Iya, Tan. Aku mung pengin ngobrol wae karo kowe.”
“Lah, ngapa ta ora ning kampus wae?”
“Halahh ning kampus ana Bayu karo Bagas, ora penak ta ya.”
“Ah kowe iki, kayak karo sapa lho nganggo isin-isin barang,” guyonku.
“Hehe.. Iya, Tan. Aku arep cerita, entuk ora?”
“Ya ora ta yaa..”
“???”
“Hahaha.. ya entuk, Rat. Apa ta sing ora kanggo kancaku iki?” aku malah nggodha Ratna.
“Hehe.. Kowe iki guyon wae senenge, Tann..”
“Arep cerita apa ta, Rat?”
“Nanging aja crita sapa-sapa ya, Tan?”
“Siap, Bos!”
“Ih kowe iki ya. Tan, jaremu Bayu ki wonge piye ta?”
“Lho kok takon ning aku, Rat? Kan dhewe iki wis kancanan suwe, masa kowe durung ngerti Bayu kaya apa?”
“Iya, aku ngerti Bayu iki kaya apa, nanging maksudku ora ngono kuwi.”
“Lha terus apa ta, Rat?”
“......”
“Raaattttt”
“Aku seneng karo Bayu, Tan.”
“Hah? Guyonanmu ora lucu lho.”
“Aku tenanan iki, Tan.”
“Lho kok bisa ta, Rat? Kapan lehmu seneng karo Bayu?”
“Iya, Tan. Aku ora ngerti kapan aku seneng karo dheweke, aku seneng cedhak karo dheweke, kaya duwe semangat luwih kala aku cedhak dheweke. Apa meneh pas acara amal sing wingi kae, aku tambah seneng karo dheweke.”
“Ya nanging dhewe iki wis kancanan suwe, Rat. Masa arep dirusak merga kowe seneng karo Bayu?”
“Lah iya makane kuwi, Tan. Iku sebabe aku nelpon kowe yahmene. Aku uga isih bingung apa iki rasa tresna apa mung seneng wae.”
“Piye sih kowe iki, Rat? Apa sing ana ning pikiranmu, Rat?”
“Aja ngana ta, Rat. Aku uga ora pengen duwe rasa kayak ngene karo Bayu sing wis kayak sedulurku dhewe.”
“.....”
“Tan? Tania? Halooo?
“Ngene wis, saiki kowe mending jujur karo Bayu ngenani perasaanmu kuwi.”
“Apa Bayu ora nesu karo aku?”
“Ya perkara kuwi aku ora bisa jawab Rat, sing penting kowe wis ngomong karo Bayu.”
“Yawis Tan, mengko tak pikir-pikir sek. Wis ya, Tan. Ketemu mengko ning kampus. Assalamualaikum.”
“Iya, Rat. Waalaikumsalam.”
Sanalika kuwi, aku ora nyangka yen kancaku sing wis suwe kancanan jebule seneng karo kancane dhewe. Aku wedi yen perkara iki bakal nggawe kancananku sasuwene iki bakal dadi adoh. Ora pengen mikiri kuwi, aku mending mikiri skripsiku sing wis lumaku.
Ana ning kampus, kaya biasane, Bagas, Bayu, lan Ratna wis lungguhan ning tempat biasane ngumpul, tepate ana ning cafe kampusku. Katon banget yen atine Ratna lagi ora tenang, katon bingung cedhak karo Bayu, ora kaya biasane.
“Hei kanca-kancaku sing daktresnani,” sapaku karo nglambayke tanganku lan ora ngatonke yen ana masalah.
“Haha.. Apa ta, Tan, Tan esuk-esuk wis nggombali,” godha Bagas.
“Ya daripada kok meneng-menengan wae, Gas.”
“Halah mbuh iki, lagi pada meneng ora ngerti kena apa. Apa meneh Ratna. Kesambet kayake. Haha..”
“Hus.. Sapenake dhewe yen omong!” jawabku.
“Ehhh, cah. Aku arep ngomong jujur karo kowe kabeh,” Ratna nyelani omonganku karo Bagas.
“Ana apa ta, Rat?”
“Iki Gas, ana sing pengen aku omongke karo kowe kabeh.”
“Yawis ta, ndang ngomonga, Rat. Ijin segala, kaya karo sapa wae,” jawab Bayu.
“Nanging aja padha nesu karo aku ya.”
“Iya iya, Rat. Kalem wae,” Bagas ngimbuhi.
“Iki lhoo.....”
“Apa Rat?” Bayu takon kanthi rasa penasaran.
“Aku seneng karo cah lanang,” jujurku kanthi rasa isin lan abang raiku.
“Karo sapa Rat?” kabeh kancaku takon bareng.
“Karo kowe Bay, aku pengen dadi wong sing spesial kanggo kowe,” Ratna nyambi ndelok raine Bayu.
            Sanalika kuwi, swasana ning kana dadi meneng tanpa swara. Bayu katon kaget krungu omongane Ratna, kaya ora percaya yen kancane kuwi seneng karo dheweke.
“Apa ta, Rat, sing gawe kowe seneng karo aku?”
“Ora ana alesane Bay, aku ngrasa nyaman kala aku cedhak kowe.”
“Lah apa kabeh ya ngrasakake nyaman kala cedhak siji karo liane?”
“Iya, nanging rasane bedha Bay. Aku ora nduwe rasa sing padha kala aku cedhak Bagas.”
            Krungu omange Ratna sing kaya kuwi mau, Bayu langsung lunga lan ora ngomong apa-apa meneh.
            Saka kadadeyan kuwi, aku lan kanca-kancaku ora tau ngumpul lan ketemu meneh nganti saiki semester 7 iki, wis padha sibuk ngurusi skripsine dhewe-dhewe.
            Sawijining wektu, aku wis ora kuwat ndelok kanca-kancaku dadi meneng-menengan kaya ngene iki. Aku njaluk ketemuan karo Bagas, Bayu lan Ratna ana ing tempat biasa ngumpul.
“Ana apa ta, Tan,  ngejak ngumpul ana kene? Aku sibuk ora ana wektu luwih kanggo hal sing ora guna” omongane Bayu sinis.
“Menenga sek Bay. Ana apa ta, kok kowe dadi sensitif kaya ngene iki? Apa sing salah karo pocapane Ratna sing seneng karo kowe?”
            Bayu mung meneng ngrungokake omonganku kuwi.
“Wis, wis, wis. Kok malah padu ta Tan, Bay?” Bagas nyelani.
“Saiki ngene, kowe seneng karo Ratna apa ora Bay?”
“Aku iki nganggep Ratna wis kaya sedulurku, Gas. Aku mung pengen dhewe dadi kanca wae. Ora luwih saka kuwi,” omonge Bayu.
“Iya, Iya, aku ngerti. Lah kowe Rat, kowe bisa ora nrima keputusane Bayu sing kaya kuwi mau?”
“Iya, aku ora apa-apa Gas. Ya emang dhewe iki wis kaya sedulur kancanan saka SMA tekan saiki.”
“Ora salah yen kowe seneng karo Bayu, Rat. Wong Bayu kuwi wonge apik lan akeh sing nyenengi dheweke. Nanging, apike kowe luwih njaga kancanane dhewe dibandingke rasa tresnamu kuwi. Dadine ngene iki ta, kancanane dhewe dadi adoh kaya saiki.”
“Iya, Gas. Aku sadar yen aku iki kleru wis nyenengi Bayu. Aku nembe sadar yen kanca kuwi luwih penting. Ora ana kanca, ora penak uripku, apa meneh wis biasa karo kowe-kowe iki. Aku uga njaluk maaf ya, Bay. Aku wis wani nyenengi kowe  sing wis dadi kancaku awit SMA.”
“Yawis, saiki ora ana masalah meneh ta?”
“Wis beress, Gas,” jawab Tania lan Bayu.
“Ehh, Gas. Ana masalah gedhe iki.”
“Hah? Apa ta, Tan?”
“Aku ngelih banget iki, Gas. Hahaha..”
“Owalaaahhh Taniaaa.” Kabeh kancaku nyuraki aku kanthi rasa seneng,
“Ayo, saiki mangan wae sing akeh, mengko Bayu sing mbayari.” Guyon Bagas.
“Oke Gas, ayo pesen sing akeh.” Hahaha
            Saka kadadeyan kuwi, ubungan kancananku karo Bagas, Bayu, lan Ratna saya raket nganthi aku wisuda bareng kanca-kancaku kuwi.

(cuthel)

 

Sample text

Sample Text

Sample Text